PEPELING KAGEM kang WIS SEPUH, kang yuswane wis punjul seko 60th, supoyo awet tuwo ning sehat

_*PEPELING KAGEM kang WIS SEPUH, kang yuswane wis punjul seko 60th, supoyo awet tuwo ning sehat ...*_

_*1. Ojo Nganggur :*_
_Senadyan wis tuwo prayogané tetep nindakaké pakaryan.. opo waé ... thak-thik thak-thik ono gawéyan lan ono kegiatan. Bab iki supoyo pikiran yo mlaku terus ... marakké ora gampang pikun. Déné ragané yo isih tetep biso diobahaké ora lemes lan ora kaku_

_*2. Ojo Ngoyo :*_
_Tegesé makaryo yo makaryo, nanging sabisané wae sak kuwaté ... sak penaké ... sak cukupé. Kudu eling yèn piyé-piye awaké wis lungsé ... wis ora kuwat koyo nalika enom, sak kuwat-kuwaté manungso ... opo manèh wis adiyuswo, mesthi ono watesé._
_Mulo ojo ngoyo anggoné makaryo ... yèn olah rogo, ugo sak madya waé ... yèn wis kroso sayah kudu lèrèn ... bèn jantungé ora kabotan._

_*3. Ojo Nglokro.*
_Senadyan uwis tuwo nanging ojo nganti nglokro ... rumongso wis ora kuwat, wis ora murwat, wis ora kanggo lan wis loyo ... Senadyan wis tuwo nanging mesthi isih miguno : piwulangé ... pengalamané  .. suwuk- semburé lan pangestuné._
_Mula kudu tetep semangat. tetep dadi berkah nganti puputing yuswo._

_*4. Ojo Ngempet.*
_Tegesé ojo seneng ngendem roso sing ora becik, koyoto : gampang nesu ... gampang serik ... gampang meri._
_Kabeh roso-pangroso kudu diudhari kanthi jlèntrèh, nanging sarèh lan sumèlèh. Supoyo sarono mengkono ati ora kabotan lan pikiran ugo ora cuwo._
_Prayogané atiné poro adiyuswo kuwi ngetrapno 3 perkoro :_

_*1. Lilo* :*_
_Yokuwi ikhlas ing samubarang prakoro, yèn nindakké pakaryan,  yèn pawèh, yèn nulungi liyan ... kabèh kuwi kudu kanthi ati kang ikhlas, sepi ing pamrih kapentinganing pribadi._

_*2. Lego* :*_
_*Tegesé atiné kudu jembar ... biso nompo prakoro opo waé ... dadiné yo ora gampang sedhih, utowo serik, nanging gampang lilih._

_*3. Legowo* :*_
_Tegesé biso nompo kahanan kang tumomo marang awaké dhéwé, narimo ing pandum lan tansah ngucap sukur tumrap sak paringé Gusti kang Moho Adil._

_Mengkono poro sedulur ... utamané poro konco kang wis podho adiyuswo,_

_Mekaten sawetoro atur sapolo kagem poro jengandiko._

*_Mugi-mugi migunani ..._* 🙏🤩😍😘😘😘

Lapis Aspal Beton (laston)

Lapis Aspal beton adalah beton aspal yang  bergradasi menerus, lapis aspal beton (laston) juga sering disebutl dengan AC (Asphal Concrete), ...